Saturday 23 June 2018

Riyaya Mangan Pecel Iku Uenak Tenan

Bukit Panguk

Tekan Yogyakarta, aku muter-muter lan kulineran, soko es gelatin, ngopi tekan mangan pecel nang kantin SGPC, seberang Fakultas Kedokteran Hewan, UGM.


Riyaya keloro (Setu, 16 Juni 2018), esuk uthuk-uthuk, aku wis tekan Stasiun Yogyakarta (mbiyen jenenge Stasiun Tugu). Sing njemput wis nunggu soko jam 03:00. Ananging, kereto telat. Kudune tekan jam 04:00 tapi mundur sekitar 45 menit. Ora opo-opo. Jenenge lebaran. Dibanding nyetir berjam-jam, telat semono menit ora masalah. Aku yo ora komplain. Opo maneh nyinyir nang medsos njaluk direktur KAI dipecat lan ganti menterine.

Spot foto nang Bukit Panguk
 Soko stasiun langsung nuju nang kebun buah Mangunan, Dlingo, Bantul. Kiro-kiro 25 km (tepate ndeloko Google Map wae). Jare anakku apik. Sayange ora iso ndelok sunrise mergo wis kawanan. Tekan Mangunan, berubah pikiran. Ora nang kebun buah, nanging nang Bukit Panguk. Tikete mlebu murah, mung Rp7.000. Ono diver room. Sopir iso ngaso lan ngopi gratis. Malah, ono kue kastengele sak toples.

Nang bukit iki akeh spot kanggo foto. Yen arep foto nang tiap spot mbayar Rp3.000. Lan kudu antre mergo saat iku rame banget. "Sayang pak, embune namung sekedhik. Biasane kathal loh," ngendikone ibuk sing jogo spot foto. Lebar foto-foto, pesen sarapan. Umume mung soto, bakso, karo mie instant. Cukup sarapan mie goreng lan milo anget. Soko Bukit Panguk, dilanjut nang Puncak Becici, Dlingo. Bedane, iki alas pinus. Dadi adem. Spot fotone ora bedo adoh karena nggon Bukit Panguk.
Rumah Marsupilami nang Puncak Becici 

Tujuan liyane yaiku es gelatin nang kafe Move On ing Jalan Prawirotaman. Untung sopire iki apil Jogja, luweh nglothok timbang Mbah Google. Bocah-bocah (2 anakku lan 2 ponakanku), pesen es gelatin. Aku nyicipi thok nggo tombo kangen. Aku pesen kopi Gayo, bojoku kopi Bali. Ternyata, mantep kopi Gayone. (Tanpa gulo lho ngombene).

Kemepyar ngopi, mampir nang RSU PKU Muhammadiyah. Tilik sedulur sing lagi operasi sikhil. Lebare, menuju gudeg Bu Amad nang Jl Kaliurang UGM. Tuku dibungkus kanggo oleh-oleh sedulur. Mangan awan nang SGPC. Mangan pecel ben ora bosen karo opor ayam terus. Pecel tanpo sego, tempe goreng karo jeruk panas. Sinambi mangan, ngrungokke lagu-lagu lawas soko live music. Lagune kok jadul-jadul opo mergo sing mangan akeh wong tuwone? Mbuh lah.

Kopi
Move On Cafe


Nang kantin ini, kamera SLR ku ora ono nang mejo. Wah lensane loro he. Akhire takon nang kasir. Alhamdulillah, disimpenke pegawaine. Slamet-slamet kameraku. Wareg wetenge, seneng atine. Banjur mulih Magelang. (kabeh foto: Joko Harismoyo)
Kantin SGPC

Pengunjung SGPC


No comments:

Post a Comment

Bukan Hitam Putih

  Michelin adalah perusahaan ban asal Prancis. Ketika penjualan ban melempem, sekitar 1900-an, mereka malah menerbitkan buku panduan restor...