Friday 8 June 2018

Buko poso ngombe bir, uenak lan anget

Krungu suoro bedug, aku banjur ngombe teh mondo lan gorengan. Leren sedhelok, tak teruske ngombe bir dingin soko kulkas. Marai anget nang awak lan seger.


Bir sing tak maksudke dudu Bir Bintang opo Anker. Nanging bir pletok, ombean khas mBetawi. Warnane abang. Dikocok dhisik ben mumpluk, koyo bir tenan kae. Campur es batu. Pas diombe adem nang tenggorokan. Tunggu sak wetoro, weteng, tenggorokan lan langit-langite banjur anget.

Bedane karo bir sing ngandung alkohol, bir pletok ora marakke nguyuh terus. Lan sing penting ora ngandung alkohol. Dadi halal. Tur podho-podho marahi anget nak awak. Soal asal muasal dijenengi bir pletok, takono mbak Google wae. Lengkap, ono sing bahasa Indonesia lan Inggris.

Mbalik nang soal roso bir pletok. Yen tak amati lan rasakno mirip karo wedah uwuh soko ngayojokarto. Nanging, bir pletok luwih pedes lan rodo wangi. Koyo ono mricone. Selain kuwi ora ono bedane. Warnane yo abang semu coklat. Rasane legi.

Banjur, opo bedane wedang uwuh karo bir pletok? Deloken penjelasan nang ngisor iki!

1. Bahane
Bahan nggo gawe bir pletok yaiku jahe, cengkeh, biji pala, lada, sereh, kapulaga, kayu manis, daun pandan, daun jeruk, gula, kayu secang.
Coba bandingke karo bahane wedang uwuh: jahe, cengkeh, bunga cengkeh, batang cengkeh, daun cengkeh, kayu secang, pala, daun pala, kayu manis, daun kayu manis, akar sereh, daun sereh, gula batu, kapulaga.

Bahane meh podo. Bedane bir pletok ditambahi lada, daun jeruk, lan pandan. Mulane rasane bir pletok luwih pedhes tinimbang wedang uwuh. Lan ambune rodo wangi amergo godhong pandan. Warnane podho abnge amergo soko pengaruh kayu secang.

2. Penampilane
Wedang uwuh disajikke opo anane, lengkap karo godong lan kayu-kayune. Mulane disebut wedang uwuh (sampah). Sementara kuwi, bir pletok disajekke tanpo godhong lan kayu. Disaring dhisik. Dadi mung banyu abang. Luwih resik.

Saiki kowe wis ngerti bedane wedang uwuh karo bir pletok. Pilihin dewe, arep wedang sing resik opo koyo sampah nanging eksotik. Khasiate podho wae, marahi anget nak awak. (Sumber foto)


No comments:

Post a Comment

Bukan Hitam Putih

  Michelin adalah perusahaan ban asal Prancis. Ketika penjualan ban melempem, sekitar 1900-an, mereka malah menerbitkan buku panduan restor...