Thursday 7 June 2018

Jago Bal-balan Akhire Dadi Lurah

Foto: Klaten.tv

Tonggo sebelah omah, Pak Hariyadi, jago main bal-balan. Deweke pernah ngegolke naliko Persatuan Sepakbola Seluruh Magelang (PSSM) tanding karo PSSI. Skore 1-1. Pak Hariyadi nyetak gol soko tendangan penalti. 


Pertandingan iku sekitar akhir 1970-an. Naliko Pak Hariyadi mlebu nang TVRI, tonggone podho bungah, termasuk aku. Jenenge Pak Hariyadi dadi kondang. Ora mung nang Kelurahan Potrobangsan, tapi sak Magelang.

Sopo sing ora ngerti kehebatane kiper Ronny Pasla. Kelairan Medan, 15 April 1947 iku kiper kondang nang Indonesia, ugo nang Asia. Deweke pernah nggagalke tendangan penalti soko pemain kondang Brasil, Pele. Ing taon 1972 Brasil tur nang Asia, termasuk Indonesia. Meskio kalah 1-2, tapi pendukung bola lego. Amargo Ronny Pasla iso nandingi permainane Brasil.

Bayangno, Pele sing jago main bola sedunia wae ora iso nembus gawange Ronny Pasla. Ehh...Pak Hariyadi sing mung main nang PSSM iso naklukke Ronny. Opo wong-wong ora gumun. Padahal, jaman semono durung ono medsos koyokno Facebook, Instgram, Twitter, opo Path. Lha wong Friendster wae durung lahir. Durung kenal internet.

Tapi, berita lewat TVRI lan RSPD (Radio Siaran Pemerintah Daerah) cukup berhasil. Durung ono TV swasta, dadi opo wae sing disiarno TVRI mesti ditonton.

Aku kelingan, pertandingan kuwi digelar nang Stadion Abu Bakrin, cedhake Gedung Pertemuan Ahmad Yani. Pas nonton pertandingan PSIS Semarang lawan Borneo mau bengi (Rebo, 6 Juni 2018), anakku takon, "Iku ndak stadion sing nang pertelon bangjo kae?" Tak jawab iyo. Aku gumun saiki kok dadi apik. Padahal bodho wingi isih elek lho. Penasaran, aku googling. Ehhh alah ternyata sing dinggo tanding mau bengi iku Stadion Moch Soebroto nang GOR Sanden, Magelang Lor. Dudu Abu Bakrin. Suk bodho aku pengen ndelok stadion iki ah.

Mbalik nang cerito soal Pak Hariyadi. Naliko kuwi, Pak Hariyadi kerjo nang Pasar Rejowinangun (mbiyen aku nyebute Pasar Kidul) karo main bola. Klub PSSM iku milik Pemkot, lan Pak Hariyadi kerjo nang Pemkot iku.

Jamanku mbiyen, Lurah isih pilihan rakyat. Pilihan langsung, termasuk nang perkotaan (saiki Lurah kota ditunjuk Pemkot, ora pilihan koyo nang ndeso-ndeso kae). Pak Hariyadi nyalon Lurah. Aku lali mbiyen calone ono piro, lan gambare Pak Hariyadi opo. Biasane gambar sing dipilih telo, padi, opo jagung. Mbuh kok ora ono sing milih gambar singo, gajah opo monyet. Biasane bahan pangan sing dadi gambar lan lambang calon lurah.

Pak Hariyadi menang. Basan dadi Lurah, omahe Pak Hariyadi sing nang sampinge omahku didol. Pindah nang cedhak masjid. Mbangun sing luwih gedhe lan tingkat. Saiki Pak Hariyadi isih sehat. Desember wing pas bapakke sedo, dewek yo layat lan nyapa aku. Mung saiki wis ora main bal-balan maneh wong wis sepuh. (*)

No comments:

Post a Comment

Bukan Hitam Putih

  Michelin adalah perusahaan ban asal Prancis. Ketika penjualan ban melempem, sekitar 1900-an, mereka malah menerbitkan buku panduan restor...